Powered By Blogger

Senin, 22 Juni 2015

Cerkak



Koridor Sekolah
Ladhening Dewi Agustin


Jenengku Santi,aku anak siji-sijine nang keluargaku.Bapaku duwe hotel bintang lima.Ora gumun nek aku iku dadi anak kesayangane, apa bae seng tak kepingini bakal dituruti nang bapaku.Ibuku wes ningggal pas aku eseh 3 taun.Ibuku kui penulis terkenal, akeh karya-karyane sing di pajang nang perpustakaan negara.
           
Sananjan bapaku sibuk bisnis, aku ora patiya perhatikna.Apa bae seng tak kepingina bisa keturutan, tapi ora ana waktu kanggo aku lan bapaku kumpul bareng. Aku palah luweh edek karo Mbak Narti. Mbak Narti kui seng momong aku ket cilik, bare ibuku ningggal. Yen aku wes nganggep Mbak Narti kui kaya ibuku dewek. Nek ana apa-apa aku ceritane nang Mbak Narti. Biasane Mbak Narti kualahan nanggepi sikap lan sifatku. Bapaku nguwehi apa bae seng tak pingini, kuelah seng dadi penyebabe aku dadi bocah seng manja, ngentengna duwet akeh, foya-foya nganah ngeneh.

v   


Saiki aku sekolah nang SMA kelas X.Senajan nilaiku apik, aku jaluk sekolah nang sekolah standar internasional.iku ora dadi masalah kanggo bapaku,sanajan duwite akeh. Ora mukur kuwe aku ya karo jaluk tukokna mobil.Aku kudu jaga gengsi karo batir-batirku. Kabeh batirku es due mobil dewek-dewek.
           
Pertama melbu sekolah aku dadi pusat perhatian kanggo kanca-kancaku kabeh nag sekolah.Aku,Fani, lan Indri iku sahabat ket SMP.Sahabatku kue ya pada anake wong sugeh.Mangkat nunggang mobil sport paling anyar.Pas aku lagi melaku nang koridor seklah aku weruh cah lanang seng manis banget, kayane iku bocah kelas 11.Pas aku lagi istirahat, aku lan sahabatku meng kantin sekolah. Aku lan kancaku jagong nang meja paling ngarep.Aku mesen bakso,Fani mesen mie ayam,lan indri mesen siomay.
           
Tiba-tiba bocah seng mau aku weruh nang kordor jagong nang meja sandingku.Aku lirik-lirikan karo bocah kue.Bel rampung istirahat moni, aku cepet-cepet arep bayar jajan.Pas aku arep bayar,aku ngerogoh sak.Aku kaget banget dompetku ora ana nang sak. Raiku wes pucet banget bingun kepriwe aku bisa bayar, kanca-kancaku tak takoni dompete ya pada nang kelas.Tiba-tiba pundaku ana seng ngemek ket mburi,pas aku mandeng mburi ternyata iku bocah mau seng aku weruh nang koridor sekolah.

“ Hey...kenangapa?” takon bocah lanang iku.
“Ehh...eh..iki aku arep bayar jajan tapi dompetku ketinggalan nang kelas” jawabku karo isin-isin.
“Oh.. ya wes tak bayarna set”
“ Ehh...ora usah lah,aku engko ngerepoti koe”
“ Ora papa kok..engko bali sekolah koe nemoni aku nang parkiran kanggo bayar iki”
“Eh ya wes lah..matur nuwun ya” omongku karo melayu

Tekan kelas Fani lan Indri takon sapa mau seng omong-omongan karo aku.
           
“ Sin mau sapa seng omong-omongan karo koe ?” takon Indri
            “ Eh..aku ya orangerti sapa jenenge” jawabku karo kebingungan
“ Ciee.. Sinta nembe pertama melebu sekolah bakalan oleh pacar anyar kie?” ledek Fani meng aku.



Bel bali moni aku,Fani,lan Indri siap-siap arep bali.Sak wise teken ngrep kelas Fani lan Indri ngomong nek arep bali set, soale arep ana kepentingan keluarga.Aku nembe kimutan nek aku ya duwe janji karo cah lanang mau nang parkiran.
            Aku melaku meng parkiran.Tekan parkiran aku ora weruh cah lanang mau.Ana 5 menit aku jagong nang bangku cedek parkiran.
“Hey..” tiba- ket buri ana seng ngundang aku
“Akhire nongol” jawabku karo kaget
“Hehehe...wes suwi ya nunggune? Takon cah lanang kue
“Ya lumayan sh..oya kie duwit seng mau” jawabku karo aweh duwit
“Oya makasih”
“Haruse aku seng ngomong makasih”
“Hehe ya rapapa..oya jenengmu sapa?masa wes omong-omongan ora ngerti jenenge sapa..” takon cah lanang mau
“Ehh Aku Sinta Wibisono” jawabku
“Weloh apike jenenge”
“Lah koe sapa jenenge? Takonku
“ Aku Ferdi..kelas XI MIA 2” jawab Ferdi

            Sak uwise aku aku takon jenenge, Ferdi diundang nang batire.Sidane aku bali.

v                                                                           
           
Udara isuk eseh seger.Karo malyu-mlayu cilik aku muteri alun-alun kota.Biasa nek dine minggu aku seneng olahraga.Ana 15 menit aku olahraga.Bar guwe aku bali,pas lagi nang dalan aku mandek nang bakul es buah.Aku kaget banget basa ngerti nek seng adol es buah kue ternyata Ferdi. Ferdi weruh aku langsung mesem. Aku ra nyangka ternyata Ferdi adol es buah neng cedek alun-alun.Akhire aku ngobrol karo Ferdi.

Ferdi cerita akeh meng aku.Ternyata Ferdi kuwe anak yatim, wes ora duwe bapak. Mbiyen Ferdi kuwe sugih bapake duwe perusahaan tekstil. Tapi akhire peusahaan kuwe bangkrut sebabe para pegawene pada korupsi.Perusahaanne lan umahe disita bank,amarga ora bisa ngelunasi utang bank.Bapake Ferdi kena penyakit jantung sebabe mikiri perusahaanne sing bangkrut.Bapake Ferdi ninggal pas Ferdi sekolah SMP.

Bar bapake Ferdi ninggal, ibune ferdi seng golet duwet kanggo biayai sekolah lan uripe Ferdi.Untung Ferdi bocae pinter,mulane Ferdi oleh beasiswa nang sekolah favorit. Tapi Ferdi ngerasa melas meng ibune, akhire Ferdi golet kerjanan tapi seng bisa karo sekolah.Akhire Ferdi dodol Es buah nang cedek alun- alun.

Aku ngerasa terharu banget ngerungokna ceritane Ferdi.Aku dadi kimutan karo bapaku. Aku seng eseh duwe bapak seng bisa nuruti apa bae karepku,tapi aku dadi bocah seng ngeyel lan ora bisa diatur.Aku ngerasa apa seng tak seng tak pikirna selelama  iki kuwi salah.haruse aku bia bersyukur lan menghargai bapaku seng wes berjuang kanggo masa depanku.

Ora kerasa aku wes sejam ngobrol karo Ferdi.Aku pamit karo Ferdi nek aku kudu bali soale aku arep kerja kelompok karo sahabatku.ferdi mesem meng aku,aku mbales mesem meng Ferdi.Rasa- rasane aku mulai tresno meng Ferdi, aku ngerasa nyaman pas lagi omong-omongan karo Ferdi padahal aku karo Ferdi nembe kenal.

“Ahh...aku iki mikir apa sh. Aku kan nembe kenal karo Ferdi ra mungkin aku tresno meng Ferdi”. Omongku karo ngalamun


v                                                                                                                       



            Isuk dine senen aku mangkat sekolah.Ora ngerti kenapa aku semangat banget arep mangkat sekolah.Biasane jam setengah 7 aku urung siap-siap, tapi siki aku wes siap mangakat sekolah. Mbak Narti nganti gumun karo aku biasane aku angel banget nek kon tangi tapi siki urung digugah aku wes adus deset.

            Jam 7 pas aku tekan nang sekolah. Aku melaku lewat koridor sekolah. Aku mandeng-mandeng. Deneng aku ora weruh Ferdi, padahal biasane jam semene Ferdi wes tekan sekolah.Nang ngarep kelase ya sepi banget.Tanpa ngerti aku kawatir meng Ferdi,aku siki kerep banget mikiraken Ferdi.Akhire aku melaku terus tekan kelas.

            Pas aku lagi jam istirahat, kaya biasane aku meng kanti karo sahabatku.Basa tekan kantin aku ya ora weruh Ferdi.Atiku ngerasa ra penak,aku penasaran banget kenapa dina iki aku ora weru Ferdi.Aku nalamun karo ngumbe teh botol seng tak pesen.

            “ Ehh sin..koe kenapa sh ngalamun bae ket mau?” takon Fani meng aku
            “Ehhh...O..ora papa kok” jawabku karo bingung
            “Ahaa hayo agi mikiri Ferdi ya?” ledek indri meng aku
            “Ih apa sh koe...ora koh” jawabku karo mesem-mesem

            Aku wes tau cerita meng Fani karo Indri tentang Ferdi.Aku dadi penasaran banget meng Ferdi kenapa ora keto neng sekolah.

            “Apa Ferdi sakit ya..dadi ra mangkat sekolah?” takonku nang batin
            “ Ah ora mungkin wingi minggu aku be ngobrol karo Ferdi,tapi Ferdi sehat-sehat bae” omongku nang batin

            Ngantek bali aku ora weruh Ferdi. Padahal aku wes melaku- melaku sesekolahan,tapi tetep bae aku ra ketemu karo Ferdi.Aku dadi ngerasa kawatir banget karo Ferdi.Ngantek aku takon meng batire Ferdi,kenapa Ferdi ra mangkat.Batire Ferdi ya ora ngerti kenapa,Ferdi ra aweh surat kenapa ora mangkat sekolah.

            Aku bali sekolah lesuh banget,ora semangat.Tekan umah aku weruh mobile bapaku wes nang garasi padahal biasane bapaku urung bali.Tekan jero umah bapaku ngomong nek aku kon siap-siap, soale bapaku arep ngajak aku lunge.Aku ra ngerti bapaku arep ngajak aku meng endi.

            “Ahh..paling arep diajak tuku kado kanggo batire bapaku” pikirku

            Bapaku mandeg nang ngarep rumah sakit.aku karo bapaku melebu memng rumah sakit kuwe.Aku melebu meng ruang Melati.Pas aku lagi melebu aku kaget banget,soale aku weruh cah lanang seng tak kenal. Iya iku Ferdi aku ra salah,aku apal banget karo rambute Ferdi. Ferdi lagi jagong nang kursi karo jekel tangane ibu-ibu.

            Ternyata bar bapaku cerita, bapake Ferdi kuwe mbiyen sahabate bapaku. Mulane bapaku ngajak aku meng rumah sakit kui arep jenguk ibune Ferdi seng lagi sakit.Akhire aku ngerti knapa Ferdi mau ra mangkat sekolah. Ferdi nungguni ibune seng lagi sakit.

            Aku luwih kaget pas bapaku ngomong meng aku karo Ferdi, nek aku kui pas cilik wes dijodokna karo Ferdi. Bapaku karo bapake Ferdi wes gawe perjanjian nek ngesok aku karo Ferdi wes gede aku bakal di jodokna karo Ferdi.

            Aku karo Ferdi mukur mesem-mesem ngerti nek dewek kuwe dijodokna.Artine aku karo Ferdi iku ya setuju nek arep dijodokna. Ternyata Cinta kui bisa teka mendadak lan cinta kui wes ditakdirna kanggo bersatu.

⃰⃰  RAMPUNG

Tidak ada komentar:

Posting Komentar