Rabu, 02 Agustus 2017

Asal Usul Buluspesantren (Buluspesantern, Kebumen ,Jawa Tengah)

Ing sawijining dina, ana bocah kembar padha ngaji ing pesantren sing dipimpin Pak Kyai. Bocah loro kembar kuwi mau dhuweni sifat kang beda adoh. Kakange nduweni sifat kang apikan, sregep nyelengi, lan seneng tetulung. Nanging sifate adhine kosok baline sombong, medhit, lan serakah.

Kakange pinter ngelmu agama, dheweke sregep ngaji, lan seneng mbantu wong liya. Sifate adhine beda adoh karo kakange. Adhine ora gelem mbantu apa-apa, gaweane mung mangan lan turu ana ing pesanren iku. Rikala, adhine didhawuhi Pak Kyai nimba banyu ing sumur kang panggonane rada adoh saka pesantren, nanging adhine ora gelem, wusanane kakange sing mangkat njupuk banyu sumur.

Nalika kakange mangkat menyang sumur, adhine alon-alon ngetutake saka mburi. Gandeng wis tekan lambe sumur kakange wis arep mulai nimba, adhine nyurung nganti kakange tiba kejegur sumur. Amarga kakange ora ngerti menawa ditutake. Adhine dadi saking kagete amarga kakange mau tiba melebu kecemplung ing sumur.

Ing pesntren atina Pak Kyai ora jenjem, kaya ana kedadean sing ora bener. Dheweke banjur mangkat nyusul bocah kang didhawuhi njupuk banyu mau. Jebule bener tenan ing papan sumur mau wis akeh wong kang padha nulungi bocah sing kecempung sumur. Wekasane Pak Kyai apa kang dilakoni adhine bocah mau. Pak Kyai duka karo nyepatani "Dhasar santri ora ngerti diuntung. Koe pantes uripe ing segara, dadi penghunine segara selawase!". Ora suwe Pak Kyai ngendika banjur adhine bocah mau wusana owah wujude dadi bulus utawa kura-kura.

Bulus jelmaan saka adhine ngetutake Pak Kyai lan kakange, nganti melebu tekan pesantrern. Deleng kedadean kaya mangkana mau, wong-wong sak desa padha mupakat ngedadekake jeneng desane "Buluspesantren" sing artine bulus melebu pesantren. Nalika iku desa kue urung ana jenenge.

(Ersa)

4 komentar: